Arep sampek kapan?

arep sampek kapan
urip ra jelas ra karuan

arep sampek kapan
kowe kluyuran lan terus-terusan dolanan

arep sampek kapan
urip dewe tanpo pasangan lan boncengan

arep sampek kapan
ngeles seko tanggung jawab lan abote pikulan

arep sampek kapan
agomo ming dadi ritual lan selingan

arep sampek kapan
pitutur wong tuo ming melbu kuping kiwo metu kuping tengen tanpo dadi kelakuan

arep sampek kapan
nek mu nggragas perkoro dunyo ngluwehi kewan sampek kesetanan

arep sampek kapan
nek mu nduwe ilmu ra maujud ing laku lan lisan malah njlungup ing cetek e akalmu lan angan-angan

arep sampek kapan
amanat rakyat mbok gawe dagelan

arep sampek kapan
tonggo mlarat, yatim, lan janda mbok ben kleleran

arep sampek kapan
cah bodo ning pinggirmu mbok ben bodo ra mbok wulang

arep sampek kapan
ngadoh saking gusti Allah sampek lali tobat ing kahanan

nek ra ndang mbok wiwiti saiki
arep sampek kapan?

Sleman, 25 Rabiul akhir 1442
10 Desember 2020

Dwi Aditya Indra Lesmana

Seorang anak desa dengan kemampuan rata-rata

You may also like...

Leave a Reply

Your email address will not be published.